Nickelodeon Indonesia Kids' Choice Awards

Nickelodeon Indonesia Kids' Choice Awards
Dianugerahaké déning Nickelodeon dan Global TV
Negara Indonesia
Pisanan dianugerahaké 29 November 2008
[www.globaltv.co.id/ikca Situs resmi]

Indonesia Kids Choice Awards ya iku penghargaan sepisanan kang pemenange dipilih langsung déning bocah-bocah ing tanggal 29 November 2008. Penghargaan iki minangka adhaptasi saka acara Nickelodeon Kids' Choice Awards, lan Indonesia ya iku nagara ing Asia kapindho kang nganakake penghargaan iki sawisé Filipina.

Taun candhaké, acara iki dianakake manèh ing tanggal 23 Juli 2009 ing Tennis Indoor Senayan, Jakarta kanthi pembawa acara Raffi Ahmad, Indra Bekti, lan Fitri Tropica.

Tanggal 9 Mèi 2010, acara iki dianakake manèh ing Tennis Indoor Senayan. Edisi 2010 saka acara iki minangka kang sepisanan kanthi 4 pembawa acara.

Ing tanggal 14 Juli 2012, acara iki dianakake manèh ing Mahaka Kelapa Gading Square kanthi 3 pembawa acara.

Program ing Indonesia diprodhuksi lan digiyaraké déning Global TV.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy